Wong Surabaya ngarani gemeente iku “guminté”.
Kepriye sejarahe guminte Surabaya ?
Nalika taun 1903 pamarentah Walanda nglairake undhang-undhang
desentralisasi (Decentralisatie Wet 1903) , Residen Surabaya banjur ngedegake
guminte. Gemeente yaiku paprentahan kutha kang otonom. Otonom tegese pamarentah
kutha wajib ngurusi lan ngragadi apa kang dadi kaperluwane kutha kasebut.
Gemeente Soerabaja didegake tanggal 1 April 1906. Pengarepe
(kepala) Gemeente diarani “burgemeester”. Burgemeester kang sepisanan
yaiku Mr. A. Meyroos (1916-1921). Gemeente Surabaya disyahake liwat Staatsblad
No. 149 taun 1906.
Ing staatsblad No. 149 taun 1906 diandharake yen Gemeente
Soerabaja nduweni kuwajiban –kuwajiban:
1. Ngrawat,
ndandani, lan nggawe dalan umum, lapangan, pekarangan, taman lan tanduran ,
kali, sumur, plang dalan, dham, wc umum, belehan kewan lan pasar.
2. Nyiram
dalan, njupuk uwuh (sampah) lan dalan-dalan. Jalaran dalan-dalan isih akeh sing wujud lemah mula yen ketiga
kudu disiram supaya bleduge ora mabul-mabul.
3. Nganakake
penerangan dalan.
4. Ngurusi brandweer utawa pemadham kebakaran.
5. Ngrumat
lan nggawe makam anyar. Becik sing awujud makam Walanda (kerkhof), utawa makam
wong bumi. Gemeente nduweni wewenang ngangkat lan nglereni pangurus makam sarta
nggawe aturan kang ngenani makam.
Gemeenteraad.
Kanggo nglancarake lakune paprentahan pamarentah uga
adeg Gemeenteraad. Gemeenteraad iku kaya
dene Dewan Perwkilan Rakyat Kota. Gampangane DPR e kutha Surabaya. Miturut
Staatsblad No. 149 taun 1906 , Gemeenteraad Surabaya nduweni nggauta wong 23.
Golongan Eropah 15, wong bumi 5, lan Cina (Timur Asing) 3. Sanajan cacahe wong Eropah
mung sethithik nanging nduweni wakil sing paling akeh. Gemeenteraad nduweni
kuwajiban ngawasi, menehi usulan lan tetimbangan marang gemeente ngenani
pambangunaning kutha Surabaya. Periode awal gemeenteraad isih durung pilihan, mung
dipiji saka pamarentah. Taun 1909 lagi dianakake
pilihan.
Taun 1923 Gemeente Surabaya nembe nduweni gedhong
Stadshuis utawa Bale Kota. Bale Kota Surabaya mapan ana ing Ketabang kaya kang bisa
dideleng saiki iki. Sadurunge iku gemeente Surabaya ngantor ana ing
Willemsplein (Jembatan Merah) dadi siji karo kantor karesidenan Surabaya.
Wilayah administrasi.
Struktur peprentahan sing ngisor dhewe yaiku Wijk
utawa lingkungan lan desa. Wijk ditetuwani Wijkhoofd utawa Wijkmeester dene
desa ditetuwani lurah. Distrik Kotta Soerabaja kedadean saka 22 wijk lan 353
desa. Wijk iki ngurusi warga Walanda lan Cina (Timur Asing) dene wong bumi
diurusi dening desa (dessa-bestuur) sing dadi tanggung jawabe bupati.
Jenenge wijk nalika samana:
A Kebalen, B
Pesapen, C Krembangan, D Boomstraat, E Bergwars Straat, F Pangong, G Pangong, H
Pangong, I Kapasari, J Kampoeng Baroe, K Ampel, L Marine Etablissement, M
Marine Etablissement, N Tjantian, O Tjantian, P Kalie Anjar, R Plampitan, S
Krambangan, T Bandar Genteng, U Ketabang, V Groedo, W Embong Malang, X Peneleh,
Y Tambaksarie, Z Boeboetan.
Gambar 1 : Kantor
Bale Kota utawa Stadhuis.
Gambar 2, 3, 4 : lambang kutha Surabaya.
Sumber:
Basundoro FIB, Urbana Historia, 20 jan 2013.
Gambar 1: Kali Pegirian taun 1910.
Jaman cilikanku biyen, ora lanang ora wedok seneng
banget yen adus kali. Ciblon, langen, gojekan karo kanca-kanca ora ana wise. Senenge
ora karuan. Durung gelem mentas yen durung digawakake pecut. Dhasare banyune
wis lemandha utawa manda-manda, tegese ora buthek banget nanging ya durung
bening banget. Lumrahe wektune wis ngarepake ketiga.
Gambar 2 : Kali Pegirian taun 1920
Ing Surabaya uga mangkono, ning … jaman biyen. Dudu
jaman saiki. Wektu samono kali Surabaya, sing cilik apa sing gedhe banyune isih
bening nyarong kinclong-kinclong. Mesthi wae yen mangsa ketiga. Yen mangsa rendheng
meshi wau buthek kalaran katutan lendhut.
Gambar 3 : Kali Pegirian taun 1920.
Gambar ing ngisor nuduhake kahanane kali kaya kang takkandhakake.
Kali Pegirian. Wong-wong Surabaya sisih lor ngarani Kali Nggirikan. Kali Pegirian
iki pecahane Kalimas. Wiwite pecah ana Gentengkali. Siji Kalimas kaya kang bisa
dideleng saiki iki, sing kaloro kali Pegirian. Saka Gentengkali ngalor Undhaan –
Jagalan – Bunguran – Dhukuh – Ampel – Pegirian – Sawahpulo – Endrasana, ngalor menyang
segara.
Gambar 4 : Kali Pegirian taun 1930.
Jaman samono kali Pegirian isih bisa dilayari. Isih bisa
dilayari prau-prau cilik kang momot barang. Saiki apa isih ana sing gelem ciblon?
Yen ana, takkira nyemplung wae langsung semaput, jalaran ndeleng wujude kali.
ROLAK GUBENG.
2 May 2020 3:16 PM (4 years ago)
Gambar 1 : Prau kang ngliwati rolak Gubeng taun 1920.
Wiwit jaman kuna-makuna kali nduweni piguna kang
gedhe banget. Saliyane kanggo oncoran sawah kali uga kanggo sarana angkutan
barang utawa transportasi. Miturut sejarah wiwit jaman Prabhu Airlangga
mbendung utawa nggawe dhawuhaning kali Brantas ing Waringin Pitu. Kali Brantas
dibendung supaya banyune bisa diatur. Kali dipecah dadi telu, sing kidul ngliwati
Porong, sing tengah ngliwati Terung, sing ngalor dadi kali Surabaya.
Ditulis ana ing prasasti Kamalagyan kali kang mili
mangalor ndadekake para sudagar lan para nangkodha padha golek barang dagangan
manghulu (mudhik) menyang Ujung Galuh. Endi sing dikarepake Ujung Galuh isih
darung pati cetha. Apa Ujung Galuh Surabaya, Megaluh (Jombang) apa Watu Galuh
(Jombang). Prekara iku kareben digagas para ahli sejarah.
Gambar 2 : Rolak Jagir Wanakrama taun 2020.
Mligi kanggo Surabaya, ing jaman Walanda kali Maas isih
kanggo sarana angkutan barang kang wigati. Ing taun 1879 pamarentah Walanda
mbendung kali ana ing Gubeng (Rolak Gubeng), Wanakrama (Rolak Jagir) lan
Gunungsari (Rolak Gunungsari). Rolak utawa dham mau diangkah kanggo ngoncori sawah, kanggo nanggulangi
banjir sarta kanggo nyedhiyani banyu omben kanggo wong Surabaya. Mligi kanggo
dham Jagir sejene kanggo ngendhaleni banjir uga kanggo pasedhiyan banyu omben
(PAM).
Gambar 3 : Rolak Gunungsari taun 1930.
Banjur kepriye nasibe prau-prau kang ngemot barang
sawise ana bendungan, apa ora kepalang?
Jalaran dhuwure banyu ora padha mesthi wae prau ora bisa milir utawa
mudhik. Supaya prau bisa lancar banjur digawekake cara. Carane yaiku nggawe
kanal ana sapinggire dham. Kanal mau ana lawange loro. Ilir karo udhik. Yen
prau saka ilir utawa ngisor – lumahe banyu luwih endhek -- prau mlebu dhisik menyang kanal, lawange ngisor
banjur ditutup. Lawang sing dhuwur banjur
dibukak baka sethithik nganti lumahing banyu padha karo lumahing banyu sing ana
dhuwur. Sawise lumahe banyu padha, lawang dibukak kabeh. Prau bisa liwat kanthi
slamet menyang dhuwur. Mangkono suwalike.
Alun-alun tegese pelemahan jembar ing sangarep
tuwin saburining kraton (ngarep kabupaten, satengahing kutha) (WJS Poerwadarminta,
kaca 7). Samono uga ing basa Jawa kuna, alun-alun tegese lapangan pesagi ing
ngarepe kraton (PJ. Zoetmulder, kaca 27).
Ana ngendi dununge alun-alun Surabaya? Yen
bocah-bocah saiki cetha ora ana sing ngerti. Ngertine saiki bokmanawa mung Alun-alun Perak utawa Alun-alun
Conthong . Diarani alun-alun Conthong jalaran wujude pancen kaya conthong.
Yen panjenengan tindak saka Tunjungan ngalor , mlebu
dalan Gemblongan, banjur Heerenweg (dalane para tuwan-tuwan) utawa dalan Pasar
Besar. Pasar Besar, pasare wis ilang mung kari dadi jeneng dalan. Banjur
mlebu dalan Alun-alun (Aloon-aloon).
Dalan Aloon-aloon iki saiki diarani dalan Pahlawan. Sacedhake dalan Aloon-aloon
pancen ana alun-alune utawa lapangan.
Salore Aloon-aloon ana dalan Regentstraat saiki
dalan Kebon Raja (Kebon Rojo), dalan menyang kabupaten. Dene alun-alune dadi Tugu Pahlawan.
Monumen Tugu Pahlawan iki dibangun nalika taun 1952 lan diresmekake Presidhen Soekarno tanggal 10
Nopember 1952, kanggo mengeti labuh labete para pahlawan nalika ngukuhi
kamardikan. Anane Dina Pahlawan 10
Nopember ya saka lelabuhane para pejuang bela negara.
Ing sangisore plataran Monumen Tugu Pahlawan -- ing jero lemah sing jerone 7 meter – ana
museum kanggo mengeti lelabuhane para pahlawan. Museum iki diresmekake tanggal
19 Pebruari 2000 dening Presidhen K.H. Abdurrahman Wahid.
Ing sawetane Tugu Pahlawan ana Kantor Gubenur Jawa
Wetan. Ing platarane kantor Gubernur ana
pathok sing dadi titik 0 km Surabaya.
Gambar 1 : Monumen Tugu Pahlawan.
Gambar 2 : Alun-alun Conthong taun 1940.
Gambar 3 : Gambar kar Aloon-aloon lan dalan
Aloon-aloon.
STASIUN GUBENG
1 May 2020 1:24 PM (4 years ago)
Gambar 1 : Stasiun Gubeng taun 1891
Stasiun Gubeng diresmekake bareng karo stasiun Semut
yaiku tanggal 16 Mei 1878. Stasiun
Gubeng dibangun ana ing kampung Goebeng Djepit utawa Goebeng Ketjepit, sawetane
Kalimaas. Kampung Goebeng Djepit saiki embuh menyang endi parane. Stasiun
Gebeng mlebu ing kelurahan Pacar Keling, Tambaksari, Surabaya. Stasiun iki
dijenengi “Station Goebeng Soerabaja”.
Bebarengan karo mbangune stasiun Gubeng, pamarentah
Walanda uga mbangun kreteg Gubeng sing nyambung antarane dalan Simpang lan
Gubeng.
Yen ndeleng gambar taun 1937, ing salore stasiun wis
ana viaduct kang mlangkah ril sepur, nanging taun 1891 viaduct mau durung ana.
Gambar 2 : Stasiun Gubeng taun 1937
Sadurunge taun 1996 stasiun Gubeng manggon ing
sakulone ril, Jalaran saka tambahe penumpang kang sangsaya suwe sangsaya rame
stasiun dielih ana ing sawetane ril. Stasiune sangsaya gedhe, sangsaya rame,
lan sangsaya modern.
Stasiun Gubeng nglayani
Argo Wilis,
Bima, Turangga,
Bangunkarta,
Mutiara Selatan,
Gaya Baru Malam Selatan,
Jayabaya,
Ranggajati,
Wijayakusuma,
Sancaka (reguler & fakultatif),
Mutiara Timur,
Logawa, Jayakarta,
Songgoriti,
Pasundan (reguler & tambahan),
Sri Tanjung,
Probowangi,
Komuter Surabaya-Bangil pp,
Dhoho,
Penataran,
Tumapel,
Ekonomi Lokal/KRD Bojonegoro,
lan Ekonomi Lokal/KRD Kertosono
Bangunan iki ditetepake kalebu Cagar Budaya sing
perlu diayomi.
Gambar saka pinterest.com.
SEPUR SURABAYA
1 May 2020 5:52 AM (4 years ago)
Gambar 1 KITLV Station van de Staatsspoorswegen te
Sourabaja, date 1900.
Sadurunge ana sepur, alat angkut dharat ing pulo
Jawa nggunakake cikar (digered sapi), lan andhong utawa dhokar (digered jaran). Jalaran ongkos angkut
barang larang banget mula Pamarentah Walanda netepake ing Staatsblad No. 141 mbangun
dalan sepur (ril sepur, spoorlijnen) ing tanah Jawa. Pamarentah Walanda ngedegake
perusahaan kanthi jeneng Staatsspoorwegen
Nederlandsch-Indië (Perusahaan Kereta Api Negara Hindia Belanda). Perusahaan
iki ngadeg ing tanggal 6 April 1875. Kantor pusate ana Bandung.
Ril sepur utawa lijn sing dibangun:
1.
Bogor (Buitenzorg) – Bandung – Banjar –
Kuthaharja (Kutoarjo) – Yogyakarta.
2. Surabaya
Kutha – Sidaharja (Sidoarjo) – Tulangan – Majakerta – Madiun – Solo Jebres.
3. Sidaharja
– Pasuruan lan Bangil – Malang.
STASIUN SURABAYA
Stasiun Surabaya diresmekake 16 Mei 1878. Jenenge asli
“Station Soerabaja”, Sourabaia. Wong Surabaya ngarani “Stasiun Semut”. Diarani
stasiun Semut jalaran manggone ana kampung Semut sakidule Pecinan. Saiki kalebu
kelurahan Bongkaran, Pabean Cantikan, Surabaya.
Sing nglakokake sepur sepisanan yaiku
Staatsspoorwegen Oosterlijnen (Perusahaan Kereta Api Negara Wilayah Timur).
Lijn saka Surabaya Malang lan Pasuruan diwiwiti taun
1870 rampung aun 1878, nyambung saka stasiun Sidaharja. Tujuane kanggo ngangkut
asil bumi lan perkebunan saka wilayah Jawa sisih wetan khususe saka Malang lan
Pasuruan menyang Pelabuhan Tanjung Perak.
Saiki sing nduweni PT Kereta Api Indonesia kanthi
jeneng “Stasiun Surabaya Kota”.
Gambar 2 KITLV Station van Sourabaja, date 1902 –
07 –
02
Stasiun Semut nglayani
1. Komuter
Surabaya – Bangil, Surabaya Kota –
Porong, p.p.
2. Dhoho,
Surabaya Kota –
Kertasana – Blitar, p.p.
3. Penataran,
Surabaya Kota – Malang – Blitar, p.p.
4. Tumapel,
Surabaya Kota – Malang, p.p.
5. KRD
Kertosono, Surabaya Kota – Kertasana, p.p.
Stasiun Semut ditetepake kalebu Cagar Budaya wiwit
taun 2013.
BUPATI SURABAYA
27 Apr 2020 7:48 AM (4 years ago)
1.
Adipati
Jayalengkara.
Adipati Jayalengkara sawise
ditelukake Mataram ora suwe banjur seda jalaran pancen wis sepuh. Kalungguhane
diganteni Pangeran Pekik.
2.
Pangeran
Pekik, …/1659.
Pangeran Pekik iku putrane
Adipati Jayalengkara. Taun 1633 Pangeran Pekik didhaupake karo rayine Sultan
Agung Ratu Pandhansari. Pangeran Pekik diutus Sultan Agung nelukake Giri
Kedaton.Taun 1636 Giri Kedaton kang diembani dening Panembahan Kawis Guna
klakon teluk.
Nalika jamane Pangeran
Pekik, ing Bataputih, Surabaya, ana
padhepokan utawa pesantren kang gedhe pangaribawane. Pesantren kasebut diembani
dening Ki Ageng Brondong utawa Kyai Lanang Dhangiran. Ki Ageng Brondong nduweni
putra lanang loro, lan putra wadon lima. Putrane lanang yaiku Hanggawangsa (Onggowongso) lan Hanggajaya (Onggojoyo). Hanggawangsa
lan Hanggajaya kekarone suwita marang Pangeran Pekik ing kadipaten.Wusanane Pangeran
Pekik diukum pati dening Amangkurat I.
Jalaran saka lelabuhane
bisa nelukake kraman Trunajaya Hanggawangsa ditetepake dadi bupati ing Surabaya
dene Hanggajaya dadi bupati ing Pasuruan.
3.
Hanggawangsa
(Onggowongso, Djangrono I, Jayengrana I),
/1678.
Hanggawangsa lan
Hanggajaya mbiyantu Amangkurat II nglawan Trunajaya. Hanggawangsa kasil ngrebut
mriyem Nyai Setomi saka mungsuh. Lan bisa ngusir mungsuh saka Surabaya,
wusanane Hanggawangsa diangkat dadi bupati ing Surabaya lan ajejuluk Tumenggung Jangrana utawa Tumenggung Jayengrana.
4.
Surodirono
(Djangrono II), …/1709
Sasedane Amangkura II
ing taun 1703, ing Mataram kedadean perang rebut panguwasa yaiku antarane
Amangkurat III lan Pakubuwana I. Ing taun 1705 Pakubuwana I kasil ngrebut
kraton Kartasura, dene Amangkurat III mlayu menyang Pasuruan, ngayom marang
Untung Surapati.
Untung Surapati gugur
taun 1706, lan Amangkurat III bisa kapikut ing taun 1708. Saka laporane VOC
marang Pakubuwana I, Djangrana II didakwa kiyanat nalika
nglawan Untung Surapati. Djangrana II
diukum pati dening Pakubuwana I ing taun 1709
5.
Ario
Djojopoespito (Arya Jayapuspita), ….. / 1723.
Sasedane Djangrana II ing
taun 1709 Surabaya dipecah dadi loro yaiku Bupati Kasepuhan lan Kanoman. Kasepuhan
diasta Arya Jayapuspita dene Kanoman diasta dening Djangrana III.
Taun 1714 Arya Jayapuspita mirong kampuh jingga mbondhan
tanpa ratu ora gelem sowan menyang Kartasura. Arya Jayapuspita ngelar jajahan.
Dheweke kepingin males ukum tiwase ramane yaiku Djangrana II. Gresik, Tuban,
Lamongan diserbu lan bisa karebut.
Jayapuspita uga
mbiyantu Pangeran Blitar mungsuh Amangkurat IV ing taun 1719.
Ngabehi Djangrana (Djangrono
III), …/1719 (adhine Arya Jayapuspita
(Ario Djojopoespito)) nglawan VOC lan Kartasura. Jayapuspita digebug, wusanane
sumingkir menyang Japan (sakidule Porong) karo adhine loro kang isih urip yaiku
Surengrana lan Kartayuda.
6.
Djoko
Tangkeban (Djangrono IV), 1719 / 1723
Ing jamane Djangrana IV ora kedadean sing gedhe
jalaran Djangrana IV ngasta dadi bupati uga mung sedhela.
7. Sawise Djangrana IV kabupaten Surabaya dipecah
dadi loro yaiku,
a. R. Onggowijoyo (R.T.Djimat
Tjondronegoro), 1746/1763, ngembani bupati Kasepuhan.
b. Mas Djajadirana (Mas Tumenggung
Djajadirana I), 1746/1758, ngembani bupati Kanoman.
8. Sing
nggenteni keprabon,
a.
Bupati
Kasepuhan ,R.Pandji Djangrono (R.A.P.Tjokronegoro I), 1763/1783
b.
Bupati
Kanoman, Mas Adipati Djajadirana II, 1758/1785
9. Sawise
iku,
a.
Bupati
Kasepuhan R.P.Natakoesoema (R.A.P Tjakranegara II), 1785/1818
b. Bupati Kanoman Njai Adjeng Tjethek
(Tumenggung Kramadjajadirana, R Gloendoeng), 1819/1825. Residen P van de Poel, Mr BHA Besier, van Haak, Carel Jan
Riesz, 1834/1839
10. R.P. Gandakoesoema (R.A.P.
Tjakranegara III), 1818 / 1859.
Adhedhasar putusan pamarentah
Walanda, No 9 / 1859 tanggal 31 Januari 1859 Staatsblad No 6, Surabaya dipecah dadi
2, Surabaya dan Sidokare/ Sidoarjo. Bupati Sidoarjo R.Notodipuro (R.T.P.
Tjokronegoro, putra dari RAP Tjokronegoro III).
11. R.Adipati Kramadjajahadinegara,
1825/1859 (1861).
Ing jaman iki ing Mataram
ana Perang Jawa (Perang Dipanagara, 1825 / 1830).
Pamarentah Walanda kang
dadi Residen yaiku,DFWPietermaat, 1839/1846, PJB de Ferez, 1846/1853, P Vreede
Bik, 1853/1859.,
12. R.P. Abdoel Kadir Djaelani (R.A.A.
Tjakranegara IV), 1863/1901.
Pamarentah Walanda kang
dadi Residen yaiku,C van der Wijk, 1859/1864, S van Deventer, 1868/1871
13. R.P. Moch. Ali Praboekoesoema (R.P.
Tjakrakoesoema), 1881/1897.
Pamarentah Walanda kang
dadi Residen yaiku, Beyerinck, …. / 1884, JG Th Kroesen, 1888/1896, HW van Ravenswaay, 1896/…
14. R.P.Ripin Koesoemaningpraja (R.A.A.
Tjakranegara IV), 1901/1912.
Pamarentah Walanda kang dadi Residen yaiku Donner,
1896 / 1901, Kreischer, 1908 / 1912
15. R.A.A.Nitiadiningrat, 1912/1934.
Pamarentah Walanda netepake
kutha Surabaya anane Burgemeester utawa Walikota. Kang dadi Burgemeester sepisanan yaiku, Mr.A. Meijroos 1916/1920,
Dene kang dadi Residen yaiku,J van Aalst,
1913/1918, JAA van der Ent, 1918/1919,
FL Broekveld, 1919/1920.
Sawise Sultan Hadiwijaya ing Pajang seda, akeh para
ratu bawahan kang mbalela, mardika, ora gelem sumuyud marang Mataram.
Kraton Pajang surud, kraton ngalih menyang Mataram. Taun
1587 Danang Sutawijaya madeg dadi ratu ing Mataram, kanthi ajejuluk Panembahan
Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama Khalifatullah Tanah Jawa.
Sawise madeg
ratu panjenengane kepingin njembarake panguwasane. Ing Jawa wetan ing wektu ana
kraton kang ora gelem tundhuk marang Mataram, yaiku Giri Kedhaton lan Kadipaten
Surabaya. Kadipaten Surabaya sing ngasta pusaraning praja Adipati Jayalengkara.
Panembahan Senapati banjur mbudhalake prajurit kepingin nggebug
Surabaya. Kedaden perang campuh ana ana ing Majakerta. Ing perang mau ora ana sing
kalah lan menang. Jalaran kasil didhamekake dening Sunan Giri Prapen. Wusanane
prajurit Mataram lan Surabaya padha bali menyang papane dhewe-dhewe.
Taun 1601 Sultan Agung Hanyakrakusuma madeg dadi
ratu. Adipati Jayalengkara durung gelem sumuyud marang Mataram. Ing taun 1620 Surabaya
kinepung wakul binaya mangap. Kali Mas dibendung, iline diilekake menyang Kali
Porong. Pamrihe supaya Surabaya kasatan. Nanging Surabaya durung bisa
dikalahake.
Sabanjure Sultan Agung banjur ngutus Tumenggung
Bahureksa kang wektu iku dadi bupati Kendhal mandhegani perang nggebug Surabaya.
Sukadana (Kalimantan) ing taun 1922 digebug luwih dhisik.
Sultan uga ngutus Ki Juru Kiting (putrane Ki Juru
Martani) kanggo nelukake Madura. Madura isih
wujud kadipaten cilik-cilik. Madura bisa disawijekake lan diembani dening
Pangeran Prasena. Pangeran Prasena madeg adipati kanthi ajejuluk Cakraningrat
I.
Sawise Sukadana lan Madura bisa ditelukake, Surabaya
sangsaya ringkih. Ora ana pasokan pangan babar pisan. Wusana Surabaya bisa
karebut ing taun 1625. Parjurit Surabaya asrah bongkokan. Adipati Jayalengkara bali
sumuyud asok glondhong pangareng-areng menyang Mataram. Sanajan wis ditelukake,
kalungguhane adipati ora dipocot. Putrane Adipati Jayenglengkara kang aran Pangeran
Pekik diutus supaya mandhegani para ngulama ing Ampeldhenta. Surabaya dadi negara bawahan Mataram.
Jalaran sepuh Adipati Jayalengkara seda. Kalungguhane
banjur diganti dening putrane yaiku Pangeran Pekik.
Pangeran Kedhawung, uga sinebut Sunan Tawangalun
dadi ratu ana Blambangan utawa Bilumbangan kagungan putra lima. Salah sijine
putra mau Lanang Dhangiran. Nalika Lanang Dhangiran umur 18 taun dheweke tapa
ngeli ana ing segara. Dheweke mung gondhelan utawa numpak bronjong – piranti
kanggo golek iwak – anut ilining banyu. Tanpa mangan lan ngombe. Sing dipangan
mung apa kang tumiba ing tutuke, sing diombe mung banyu udan. Kompal-kampul pirang-pirang
wulan katiyup angin ing tengahing segara. Saking suwene ana ing tengahing segara
nganti awake sakojur ditempeli remis, kerang lan kijing, nganti ora rupa
manungsa.
Ing sawijining dina ana prahara gedhe ing tengahing
segara. Ombak-ombak mawalikan, alun sagunung-gunung gulung-gulung uber-uberan. Bledheg,
kilat lan thathit sesamberan ora ana kendhate. Udan kaya disokake saka langit. Swarane
guntur gludhug kaya mbelah-mbelahna akasa gawe getering swasana.
Sawise prahara mendha, langit katon sumilak padhang.
Ora ana mega, ora ana mendhung, srengenge mencorong manjer ana ing tengah. Angin
sumilir manda-manda. Ora krasa Lanang Dhangiran wis gumlethak ana gisiking
segara.
Ing nalika iku Kyai Kendhil Wesi mlaku sauruting
gisik arep njala iwak ing sagara. Weruh ana wong gumlethak ing pinggir gisik,
banjur dicedhaki. Sawise dideleng isih katon ana ambegane, banjur dibopong, digawa mulih. Sawise diupakara kanthi becik, Lanang
Dhangiran banjur bisa waras-wiris bali kaya mau-maune, waluya jati jatining
waluya.
Ing sawijining dina Kyai Kendhil Wesi kepingin
sumurup asal-usule Lanang Dhangiran. Sawise ditakoni dheweke ngaku manawa dheweke
putrane ratu Blambangan Pangeran Kedhawung. Kaprenah putu karo Menak Bedhuyu. Bareng ngerti yen Lanang Dhangiran iku putrane
ratu Blambangan, kyai Kendhil Wesi banjur prasaja pranyata yen Lanang Dhangiran
isih sedulur dhewe. Kyai Kendhil Wesi turun saka Menak Sumendhi. Lanang
Dhangiran banjur diopeni , dianggep kaya anake dhewe. Saka piwulange Kyai
Kendhil Wesi, Lanang Dhangiran ngrasuk agama Islam. Kira-kira umur likuran, Lanang
Dhangiran banjur ditemokake karo putra-putrine Ki Bimacili. Jalaran suwe
adhedhepok ana ing Brondong (sakulone Sedayu) banjur kasebut Ki Ageng Brondong.
Kyai Kendhil Wesi satemene sawijining kyai kang
waskitha, ngerti sadurunge winarah. Kyai Kendhil Wesi ngutus Lanang
Dhangiran supaya lunga menyang Ampel
Dhenta, ing kono Lanang Dhangiran bakal antuk dalaning kamulyan.
Ampel nalika samana wis dadi punjere agama Islam. Lanang
Dhangiran kang uga disebut Ki Ageng Brondong sawise teka ing Ampel dhedhepok ana
ing Bataputih (Botoputih) sawetane kali Pegirian. Bataputih kaprenah sawetane
Ampel. Ing kono Ki Ageng Brondong dhedhepok mencarake agama Islam.
Kyai Lanang Dhangiran kagungan putra 7 yaiku:
1. Nyai
Lurah Wiraguna, dipek garwa dening patih ing kasunanan Mataram. Nurunake trah Demang
Sutayuda (Sutojoedo), Peneleh, Surabaya.
2. Nyai
Setra / Astra (Setro/Astro) nurunake trah Bataputih.
3. Nyai
Danu Singapura (Danoe Singopuro), nurunake trah Singapradata.
4. Nyai
Wangsaita (Nyai Wongsoito/ Nyai Wongsosuto), nurunake trah Tumenggung
Setjanegara, Tjibolang, lan trah Hanggasutan (Honggosutan)
5. Nyai
Uju (Nyai Udju / Nyai Lundhu)
6. Anggawangsa
(Honggowongso). Sawise Pangeran Pekik diukum pati dening Amangkurat I,
Hanggawangsa diangkat dadi bupati ing Surabaya. Amangkurat I males kabecikane
Hanggawangsa lan Hanggajaya nalika mbiyantu nyirep kraman Trunajaya.
7. Anggajaya
(Honggodjojo) utawa Kyai Lanang Glangsing utawa Genthana (Genthono), diangkat
dadi bupati Pasuruan.
Kyai Brondong (Lanang Dhangiran ) seda ing taun 1638
yuswa 70 taun. Layone disarekake ing Bataputih (Botoputih).
JEMBATAN MERAH.
21 Apr 2020 6:20 AM (4 years ago)
Kanggone wong Surabaya mesthi weruh lan
ngerti papan lan sejarahe Jembatan Merah. Jembatan Merah misuwur banget, ora
mung ana ing Indonesia wae nanging nganti manca Negara. Jembatan Merah uga dadi
ilhame Gesang nalika ngripta lagu “Jembatan Merah”
Ana kedadean gedhe tumrape sejarah
Nasional Indonesia, kang bisa ngenggokake lakuning sejarah. Yaiku nalika para
nom noman mung nggawa granggang ngusir prajurit Sekutu nalika ngebroki Surabaya.
Tentara Sekutu kang dipandhegani Brigadir Jendral AWS Mallaby ndharat ing
Surabaya arep nglucuti tentara Jepang lan mbalekake panguwasane pamarentah
Walanda. Pemudha Surabaya nulak tekane
tentara Sekutu mau.
Para mudha ora nduweni rasa gigrig,
giris lan miris nalika ngadhepi tentara Sekutu kang nggawa gegaman pepak. Bab
iku nuduhake sepira gedhene rasa patriotisme para nom noman nalika ngurbanake
jiwa ragane kanggo labuh Negara, ngukuhi wutah dharahe. Paribasan sadumuk
bathuk sanyari bumi den tohi pati.
Brigadir Jendral Mallaby tiwas. Tentara
sekutu nesu, banjur ngultimatum warga Surabaya enggal enggal nyerahake gegaman
sing diduweni, nanging ora digubris. Wusana Sekutu nyerbu Surabaya, akeh korban
kang tiwas. Para nom noman nganakake perang gerilya. Ora suwe Sekutu oncat saka
Surabaya.
Bali menyang jaman lawas. Jembatan merah
nalika semana diarani Roode Brug. Apa sebabe diarani mangkono. Pancene kretege
dicet abang, mula diarani Roode Brug. Kreteg Jembatan Merah nyambung antaran kampung
Pecinan (Handelstraat) kang dadi punjere ekonomi karo kulon kali kang dadi
punjere paprentahan.
Saka Handelstraat ngulon ngliwati kreteg
Jembatan Merah (Roode Brug) menggok ngidul utawa ngalor. Willemstraat iki dalan
kang nyigar Willemsplein (Willems square, saiki Taman Jayengrono, Jayengrono Park),
saka pojok kidul wetan teka pojok lor kulon lapangan. Ora kaya saiki, saka Handelstraat
bisa kenceng langsung menyang dalan Heerenstraat (dalane para tuwan, dalan
Rajawali saiki). Ing sakidule kreteg kono ana Willemskade (Dermaga Willem) kanggo
labuhe prau-prau.
Kena ngapa kudu menggok nengen. Jalaran
yen kenceng nabrak gedhong Stadhuis en Bureau (Balai Kota), gedhong Geldkantoor
utawa Kantor Keuangan, lan Telegrafkantoor (Kantor Telegraf). Nembe taun 1920
dalan dikencengake saka Handelstraat nganti teka Heerenstraat. Kantor Bale Kota dibongkar. Sawise dibongkar
gedhong Bale Kota nyewa ana Gemblongan, banjur ngalih menyang Kedhungdara
(Kedungdoro). Nembe taun 1923 ngalih menyang Ketabang.
Saiki (taun 2020) dalan Rajawali lan
Kembang Jepun, mung bisa diliwati saka kulon, ora bisa bisa diliwati saka wetan
(mung sajalur).
Gambar 1 Roode Brug.
Gambar 2 Matrozen van de Koninklijke Marine marcheren over
de Roode Brug over de Kalimas bij de Willemskade.
Gb. 1 Dalem Residen tahun 1865. Madhep menyang Kalimaas.
Surabaya resmi dadi perangane panguwasane VOC wiwit
taun 1705 sawise Mataram nganakake bedhamen karo VOC. Bedhamen mau dianakake sawise
kraman Untung Suropati (1685 nganti 1706).
Salah sijine isi bedhamen yaiku VOC diidini adeg benteng ana ngendi wae ing
tanah Jawa, jalaran Mataram rumangsa utang budi karo VOC.
Ing Surabaya VOC adeg benteng ing sapinggiring
Kalimaas yaiku benteng Prins Hendrik (Citadel Prins Hendrik, saiki Benteng
Miring). Ing taun 1743 VOC ngelih kalungguhan Gezaghebber van den Oosthoek
(Letnan Gubernur Sisih
Wetan) saka Semarang menyang Surabaya. Mula Surabaya resmi dadi perangane
paprentahan kolonial Walanda. Sabanjure kutha Surabaya dadi kalungguhane Residen.
Miturut Almanak
1816, tanah Jawa diperang dadi 17 residentie. Residentie dipandhegani dening
Resident yaiku Buitenzorg (Bogor); Preanger Regencies (Priangan); Bantam (Banten);
Chirebon (Cirebon); Tagal (Tegal); Paccalongan and Cadoe (Pekalongan lan Kedu);
Samarang (Semarang); Soeracarta (Surakarta); Djocjacarta (Jokjakarta); Japara
and Joana (Jepara lan Juwana); Rembang (Rembang); Soerabaja and Bangcallan
(Surabaya lan Bangkalan); Probolinggi (Probolinggo), Besoki and Panaroekan
(Besuki lan Panarukan); Grissee (Gresik); Passoeroeang (Pasuruan); Baniowangie
(Banyuwangi); lan Sumanap (Sumenep).
Gb. 2 Dalem Residen taun 1906, madhep menyang dalan Simpang.
Sing ngasta Residen Sourabaja lan
Bangcallan yaiku William Ainslie lan dibantu dening asisten residen loro. Taun 1866 dalem Residen ana ing dalan
Simpang.
Gouverneur-Generaal
ing Batavia ngangkat Generaal-Majoor titulair Carel Jan Riesz [Landa Jerman] dadi
Resident van Soerabaja. Kanggo urusan keamanan CJ Riesz dibantu dening Luitenant-Kolonel
AV Michiels (Algemeen Handelsblad, 30-06-1834). Kang dadi petinggi militer yaiku
JDG Schaap minangka komandan kanggo urusan wong bumi ngrangkep sekretaris. Kalungguhane
JDG Schaap sadurunge yaiku Direktur Instruktur Pelatih Lokal kanggo Basa Melayu
ing Batavia. Katone militer lan ahli basa wigati banget ing dalem proses awal kanggo
mujudake peprentahan ing Residentie Soerabaya iki. Sing ngasta Bupati (Regent) Surabaya
ing wektu iku yaiku Raden Pandji Tjokro Negoro.
Ing taun 1869 babagan administrasi paprentahan, Residentie
Surabaya mbawahi Afdeeling Greesee (Gresik), Afdeeling Modjokerto, Afdeeling
Sumanap lan Afdeeling Pamakassan, Afdeeling Soerabaja, Afdeeling Sidho Ardjo,
Afdeeling Sidaijoe (Sedayu) sarta Afdeeling Lamongan. Afdeeling Bawaean nduweni
status Gewestellijk (daerah) sing dilebokake ing dalem paprentahan Afdeeling Soerabaja. Ing
Bawean mung satingkat Penghoeloe.
Asmane Residen Surabaya ing antarane
P van de Poel,
Mr BHA Besier,
Van Haak, ing wektu iki dumadi Perang
Djawa (Perang Dipanagara, 1825 nganti 1830) ,
Carel Jan Riesz, 1834 nganti 1839,
DFW Pietermaat, 1829 nganti 1846,
PJB de Ferez, 1846 nganti 1853,
P Vreede Bik, 1853 nganti 1859,
C van der Wijk, 1859 nganti 1864,
S van Deventer, 1868 nganti 1871
Beyerinck, … nganti 1884,
JG Th Kroesen, 1888 nganti 1896
HW van Ravenswaay, 1896 nganti …,
Donner, … nganti 1901,
Kreischer, 1908 nganti 1913,
J van Aalst, 1913 nganti 1918,
JAA van der Ent, 1918 nganti 1919,
FL Broekveld, 1919 nganti 1920,
Cohen, 1920 nganti 1922,
JAA van der Jaght, 1922 nganti 1924,
JM Jordaan, 1924 nganti 1926,
W Ch Hardeman, 1926 nganti 1928,
FAC Halkema, 1928 nganti 1932,
HH de Cock, 1932 nganti 1933
AH Moreu, 1933 nganti 1935,
MF Winkler, 1935 nganti 1939,
C Ch J Maasen, 1939 nganti 1942,
Sateruse tanah Jawa dibroki Jepang.
Sumber
1. Basundoro
FIB, Urbana Historia, 20 Jan 2013.
2. http://poestahadepok.blogspot.com/2017/12/blog-post.html
BALIWERTI
19 Apr 2020 6:00 PM (4 years ago)
Baliwerti saka tembung balowarti utawa baluwarti
tegese beteng utawa tembok beteng. Pancene ing kono biyen dadi dalem
katumenggungan kang diubengi tembok utawa baluwarti. Mula kampung kono diarani kampung
Temenggungan.
Sadurunge ana gemeente ana Surabaya kabawah bupati
kang nduweni pangkat Tumenggung. Tumenggung Surabaya kang kaloka yaiku
Tumenggung Jayengrana utawa Tumenggung Jangrana.
Saka gambar kar taun 1866 bisa diweruhi yen ing
Temenggungan diliwati kali cilik pecahane Kalimas. Saka Kalimas mlebu kampung
Gemblongan (saiki dalan Genteng Kali) mlebu dalan Praban . Ing kono kali pecah
maneh, sing mili ngulon ngliwati Kranggan, Tembok, Kalibutuh banjur menyang
Asem Rawa. Sing menggok ngalor ngliwati Kranggan sisih wetan, Bubutan , Maspati, menggok ngulon tumuju
menyang Asem Rawa. Kali iku diarani kali Dupa (Doepo). Tilas kali mau dadi dalan mula ing kono dalane
amba-amba. Kali diurug dadi dalan, kaline mung kari aran.
Dalan Baliwerti wis suwe dadi punjere barang-barang
keramik utawa alat-alat bangunan. Ana ing menjila ing dalan Baliwerti mau yaiku
anane toko winih utawa bibit tanduran wiwit biyen nganti saiki. Sadawane dalan
Baliwerti ya mung toko siji ndhil iku sing dodol winih tanduran. Yen
panjenengan ngersakake winih kacang, terong, lombok, sawi, kangkung, takaturi
tindak mrana.
Ora kalah tuwane, ing salore kampung Temenggungan
yaiku kampung Carikan. Ing Carikan iki ana cagar budaya sing kudu dilestarekake
yaiku ana ing Carikan Gg IV iki, omah iki biyene gdadi kantor Hoofdbestuur
Nahdatoel Oelama (Pengurus Besar NU) nalika jaman perjuangan.
KEMBANG JEPUN.
17 Apr 2020 3:49 AM (5 years ago)
Wiwit biyen Kembang Jepun wis reja, jalaran Kembang
Jepun dadi punjere ekonomi kutha Surabaya. Jalaran akeh wong-wong Cina kang manggon ana
kono mula diarani kampung Pecinan (Chinesche Kampement). Bab iki ora nggumunake
jalaran bangsa Cina penguripane saka laku dagang. Ana kutha ngendi wae – sing
kutha lawas – bangsa Cina mesthi manggon cedhak pasar. Mangkono uga ing Surabaya,
bangsa Cina manggon nyedhaki pasar yaiku pasar Pabean.
Jeneng Kembang Jepun, mula bukane iku jeneng kampung,
dudu jeneng dalan kaya saiki iki. Ing jaman Walanda, dalan Kembang Jepun jenenge
mung Handel Straat utawa “jalan perdagangan”, jalaran ing sakiwa tengene akeh
toko utawa wong dodol barang. Bab iki nelakake yen jeneng iku dudu jeneng
dalan. Dalan liyane sing nganggo jeneng Handel Straat yaiku ana ing kampung
Muteran.
Ing jaman Jepang, nalika Jepang ngebroki Surabaya,
para panggedhene Jepang manggon ing dalan iku. Banjur ana panganggep yen jeneng
dalan Japanese street utawa Japanse Straat. Nanging uga ana sing negesi yen
Kembang Jepun iku njupuk saka basa Jepang kang tegese “prawan Jepang”. Mesthi
wae panganggep iki luput jalaran ing gambar kar (peta) taun 1866 wis ana jeneng
Kembang Jepun (Kembang Djepon), puluhan taun sadurunge Jepang teka. Saiki dalan
mau diwenehi gapura kang ana tulisane Kya-kya. Ing kene didadekake sentra
kuliner utawa punjer jajan kanggo nguripake kahanan kang sepi ing wayah bengi. Sanajana
saiki ing wayah bengi bali sepi maneh.

Ing tengah-tengahe kampung Kembang Jepun kono ana
kuburan Cina utawa bong (Chineesch kerkhof). Saiki bong iki dadi pasar sing
rame banget, jenenge pasar Bong. Dagangane bangsane klambi, kain lan
sauba-rampene. Reregan ing pasar Bong sing kondhang murah, apa maneh yen tuku
grosiran. Sing tuku saka ngendi-endi, akeh sing saka njaban kutha. Malah-malah
ana sing saka luwar pulo barang.
Nlusuri jeneng-jeneng lawas ing kampung Pecinan
kayata: Handel Straat (jalan perdagangan), Suiker Straat (dalan Gula), Bibis
Straat (dalan Bibis), Kimlo Straat (dalan Kimlo), Chinesche voor Straat,
Chinesche breest, Chinesche Heeren Straat, Venus Straat (dalan Venus).
Ing kali Pegirian kono biyen ditanggul dhuwur kanggo
ngawekani supaya banyune kali ora nganti luber. Jenenge tanggul mau sing sisih
kulon diarani Pegirian dijk west (tanggul Pegirian kulon) , dene sing sisih
wetan diarani Pegirian dijk oost (tanggul Pegirian wetan).
Jalaran Surabaya sangsaya suwe saya mekar Pecinan
uga mekar. Mekare bangsa Cina mau antara liya menyang Kapasan lan Pejagalan. Saiki punjere ekonomi kutha
Surabaya ana ing sakiwa tengene Pasar Turi, sanajanta ing Kembang Jepun isih
tetep rame.
BENTENG MIRING
17 Apr 2020 3:42 AM (5 years ago)
Miturut gambar kar (kaart, peta) taun 1866 sawise
kali Surabaya dadi kenceng, Walanda banjur adeg benteng ana wetane kali sisih
lor. Benteng mau dijenengi Benteng Raja Hendrik utawa Citadel Prins Hendrik. Benteng
iki saiki wis ora wujude, sing ana mung kari jeneng kampung Benteng Miring. Papane
ana ing salor kulone kampung Sukadana (Sukodono). Salore benteng isih awujud rawa-rawa, durung
ana apa-apa. Apa maneh Tanjung Perak,
durung paja-paja ana. Kampung sing ana sisih lor -- ing pinggir kali – yaiku kampung
Bandaran. Ing sacedhake kono papan kanggo numpuk kayu (houtstapel plaats).
Wilayah Surabaya sisih lor wetane Kalimas
kang jaman samono wis dadi kampung yaiku Sukadana (Sukodono), Petukangan,
Nyamplungan, Ampel, Karang (Karang Tembok), Sawahpulo, Wanasari (Wonosari),
Pesanggrahan, Ngemplak, Kedhondhong, lan Asem. Jaman saiki kampung – kampung sing
wis ora kocap utawa ilang yaiku Ngemplak, Pesanggrahan, Kedhondhong, lan Asem. Dene
sing kulon kali yaiku : Muteran, kampung Kalimas, Kebalen, kampung Sosok lan
Tambak Gringsing.
Kampung Arab (Arabische kampement)
Kampung Ampel wis reja jalaran ing kono dadi punjer
kanggo nyebarake agama Islam. Lan uga ana makam suci (Heilige graven) yaiku
makame Kanjeng Sunan Ampel. Jalaran dadi punjer agama Islam, Ampel ditekani
wong-wong saka Melayu, Arab lan Afrika sing ngrasuk agama Islam lan padha
manggon ana ing kono, mula banjur thukul kampung Arab. Kampung Arab
manggone ana ing salore pasar Pabean.
Mula banjur ana dalan kang dijenengi Arabische steeg (dalan (wong) Arab),
Mooren steeg (dalan (wong) Moor). Moor iki wong-wong keturunan Afrika lor
muslim, lan Maleische steeg (dalan (wong) Melayu).
Kampung lan kali sing ilang
Ing sapinggire Kalimas ana kampung sing saiki wis
ora kacetha ing gambar kar yaiku Patireman, Baruwolos, Kedhung Banger lan
Kampung Baru. Saliyane iku uga ana kali sing ilang, sing maune bisa kanggo
lelayaran. Kali mau nyambungake antarane Kalimas lan kali Pegirian yaiku sing
saiki karan Kalimati. Ing jaman biyen pancene dalan iku pancen nyata-nyata
kali.
Gb 1 : sumber : detik.com
Gb 2 : sumber : radarsurabaya.jawapos.com
KALIMAS
14 Apr 2020 7:41 AM (5 years ago)
Sadurunge Kali Surabaya disudhet ngetan ing Wanakrama (Wonokromo) iline Kali
Surabaya menggok nuju mangalor. Wis
lumrahe kali gawean alam wis mesthi wae iline banyu menggak menggok ora bisa
kenceng. Semono uga kali Surabaya.
Kali Surabaya, saka Wanakrama tumuju ngalor, sawise
teka Genteng, kali pecah dadi loro. Sing siji mili ngulon menggok ngalor
ngliwati Gemblongan, Kramat Gantung, Peneleh, Pecinan, ngalor menggak- menggok sakulone
Ampel ngalor ngulon tumuju menyang supitan (selat) Madura. Sing sijine mili
ngalor liwat Undhaan, Kalimbungan, Kalisari, Pengampon, Punguran, Cantian,
Srengganan, Topaten, Nyamplungan, Karang Tembok, Sawahpulo, Pesanggrahan ngalor
tumuju menyang supitan Madura, Kali iki dijenengi Kali Pegirian (Gambar kar no
1).
Sadurunge kali disudhet, iline banyu kali loro
lorone isih gedhe, isih kena dilayari nganggo prau. Bareng ana sudhetan ing
Wanakrama iline banyu sing mangalor bisa diatur, ora gedhe kaya mau maune. Uga
bareng ing Genteng diwenehi dam (pintu air) kali Pegirian dadi cilik banget,
nganti ora bisa dilayari. Saiki mung kari wujud kalen gedhe. Samono uga sawise
ing salore Endrasana (Endrosono) iline
banyu dienggokake ngetan tumuju menyang
sungapan (muara) Bulak Bantheng. Ing sapinggire kali kono banjur ana kampung
anyar kang saiki karan kampung Mrutu Kalianyar . Kanthi anane sudhetan lan dam
Mlirip, Surabaya ora bakal katrejang banjir gedhe.
Saliyane iku Walanda nggawe kanal (terusan) kira
kira saka Jembatan Merah (Roode Brug) , sing maune kali menggak menggok arah
ngalor ngulon (Gambar kar no 2), kali banjur digawe kenceng ngalor nganti teka
Ujung (Oedjoeng) anjog ing supitan Madura. Kali sing maune mili ngalor ngulon
menggak menggok banjur mati. Gambar kar taun 1719 kali Surabaya isih menggak
menggok. Nanging gambar kar taun 1787 kali Surabaya wis kenceng mengalor. Dadi
kira kira nggawene kanal kasebut udakara 70
taun. Jaman samono pelabuhan Tanjung Perak durung ana.
Asal
usul jeneng Kalimas.
Ing gambar kar taun 1670 Walanda njenengi kali iki
River van Sourabaja (Kali Surabaya) Sawise kanal dadi, lan iline kali dadi
kenceng ngalor banjur dijenengi Kali Maas.
Tembung mas ing basa Jawa iku tegese jinise barang
pelikan (barang tambang). Nanging ing basa Walanda apa uga mangkono .
Yen ndeleng kamus basa Walanda maas iku tegese jala
utawa jaring. Maas van een net tegese mata jala utawa jaring. Nanging uga bisa
dadi jeneng kulawarga (marga, Ind) contone : van Deventer Maas, Betsy Maas lsp
(bokmanawa mbah mbah buyute biyen dadi tukang njaring utawa tukang golek iwak).
Yen tembung Walanda kang ateges emas yaiku goud, contone goudsteeg tegese gang
Emas utawa jalur emas (Goudsteeg iku jenenge dalan ana ing salore Kembang
Jepun). Dadi jeneng “maas” iku bokmanawa jenenge arsitek sing nggawe kanal mau,
dudu emas kang tegese barang pelikan.
Endi sing bener, nyumanggakaken.
Sumber: Penyeberangan Masa Kuna, Goenawan A.
Sambodo.
Situs Pager Ukir mapan ing tengahing alas Perhutani,
desa Pager Ukir, cam Sampung kab Panaraga (Ponorogo). Saka kutha kecamatan Sampung
dohe kira-kira 9 km. Antarane Taji karo Pager Ukir 21 km. Dadi yen dilakoni
nganggo laku sikil kira-kira 4 – 5 jam.
Ukuran wong mlaku jaman biyen (menyang pasar) sajam kira-kira 5 km.
Ing situs iki tinemu watu gedhe kang ana tulisane
kuna. Wujude aksara kalebu jinis aksara kwadrat. Aksara kwadrat iki dianggo ing
jaman kraton Kedhiri. Apa tulisan iki ditulis ing jaman Kedhiri ? Saliyane aksara
kwadrat ana uga tulisan kang cakrik Taji.
Aksara iki seje banget karo aksara kang ana ing
prasasti Taji. Prasasti Taji nduweni angka taun 823 Çaka utawa 901 M. Prasasti Taji
nyebutake asmane ratu yaiku Sri Maharaja Watukara Dyah Balitung. Antarane
prasasti Taji lan tulisan angka mau kaceke ana 233 taun.
Ing watu Pager Ukir iki ana tulisan angka (diwaca saka
ngisor) unine 1056 utawa 1065, sebabe angka 5 lan angka 6 ditulis jejer. Endi
sing diwaca dhisik 5 apa 6 ? Yen diwaca saka kiwa dhisik ateges taun 1056 Ç
utawa 1134 Masehi, lamun diwaca saka tengen dadi 1065 Ç utawa 1143 M. Apa ora
bisa diwaca saka dhuwur ? Yen diwaca saka dhuwur dadi angka 5601 utawa 6501,
wis mesthi wae angka mau banjur ora nduweni teges.
Ing taun 1056 Ç utawa 1134 M kang madeg dadi ratu
ing Kedhiri yaiku Sri Maharaja Bhameswara (1117 M) , nanging yen taun 1065 Ç
utawa 1143 M sing madeg ratu Sri Maharaja Jayabhaya (1135 M – 1157 M). Dadi
cetha yen tulisan mau ditulis ing jaman Kedhiri.
Perlu dikawuningani, miturut warga ing sakiwa
tengene kono ana crita kang misuwur yen papan ing kono dadi papan playune
Airlangga nalika ana kedadean Mahapralaya ing taun 909 Ç utawa 1007 M. Kutharaja Medhang kobar digempur dening
prajurit Wura-wari. Dharmawangsa Teguh nemahi pralaya ing kedadaean kasebut,
dene Airlangga keplayu nganti teka alas Wanagiri.
Kedadean Mahapralaya yen ditandhing karo tulisan mau
kacek 127 taun.
Saliyane
tulisan ing watu gedhe ana ing papan sacedhake kono uga ana tulisan kang unine
“HYANG MWAKTA” (asil anggone maca mas Aang Nugroho Pambudi) dene tegese asmane
kang ngembani padhepokan kono. Dadi ing kono biyen dadi asramaning pandhita kang
nduweni asma mau.
Saliyane
iku, miturut katrangan kang tinulis ing prasasti Taji, wis ana sesambungan
antarane Taji lan Sampung, kaya kang katulis ing prasasti, “nikanaŋ rāma i sampun tanda rakryan masawuńan masamuha mangigal …” kang tegese
sesepuh ing Sampung, para tanda lan rakryan padha adon-adon (mengadakan persabungan),
bebarengan mbeksa …
Kanthi
katrangan kasebut kena dipesthekake yen ing Sampung rikalane jaman iku wis dadi
padhukuhan utawa padesan kang reja. Banjur kepriye sesambungane karo lelakone Airlangga
?
Kang dadi pitakonan maneh, kena ngapa ing Pager Ukir
ora ditemokake bata -- kang lumrahe bata kuna – kaya tinemu ing Taji yen ing kono
nyata-nyata tilas padhepokan utawa asrama ?
Nyumanggakaken .
Sumber:
https://www.youtube.com/watch?v=S3kZ6EoaVLE&pbjreload=10
Wong Panaraga (Ponorogo) mesthi mongkog jalaran wis
ewon taun kepungkur Panaraga wis ora wujud alas greng, alas gledhegan, alas gerotan,
alas gung liwang-liwung, nanging ing kono wis ana pedhukuhan utawa desa kang
wis reja. Kahanan iki ditulis ana ing prasasti Taji taun 823 Çaka utawa taun
901 M (8 April).
Taji, saiki awujud pedhukuhan cilik kalebu wewengkon
desa Gelang Lor kecamatan Sukareja (Sukorejo), saka Panaraga kutha arahe ngulon
ngalor.
1119 taun kepungkur ing Taji didegake kabikuan, asramaning
wiku utawa pandita dening Rakryan Watu Tihang pu Sanggrama Dhurandhara. Asrama
mau aran Dewasabha. Katrangan iki kacetha a na ing prasasti Taji kang unine
mangkene:
“Swasti, çakawarşatita 823 caitramāsa, dwitiya kŗşņapakşa,
wurukung, pahing, budha wāra, adityastha, anurādhanakştra mitradewatā, waryān
yoga, taithila karana, tatkāla rakyan i watu tihang pu sanggrāma dhurandhara,
manusuk lmah kbuankbuan i taji ….”
Tegese ”Rahayu, ing taun Çaka 823, wulan Caitra (15
Maret-15 April), dina ka loro ing wektu panglong, (sadwara ) Wurukung,
pancawara Pahing, (saptawara) Budha (Rebo), naksathra anuradha, yoga Waryan,
karana Thaitila, nalika Rakyan I Watu Tihang maringi pratandha watu adeging
sima ing lemah kebon-kebon ing Taji ….
Mula ora aneh yen ing wewengkon Panaraga akeh
barang-barang kaya bata kuna, yoni, lumpang tinggalan mbah-mbah buyut ing jaman
kuna. Barang-barang kuna mau becik diupakara lan dilestarekake kanggo bukti
anak putu yen ing Panaraga jaman kuna wis maju.
Nalikane
Ardharaja weruh kumlebete gendera abang putih ing wetaning Hanyiru sanalika
Ardharaja banjur mangro tingal ninggalake prajurite R Wijaya bali menyang
Kapulungan. Saka Rabut Carat R Wijaya lumengser mangalor tumuju menyang
Pamwattan Pajeg (Pamotan). Pangangen-angene panjenengane kepengin njaluk
sabiyantu marang akuwu ing Terung Rakyan Wurwagraja. Mula ing nalikaning wengi
panjenengane sapandhereke banjur budhal liwat Kulawan, kaya kang disebutake ing
prasasti Kudhadhu ing ngisor iki.
… tkanikang wngi pwa ya ta, mangkat ta çrī
mahārāja mahawan i kulawan , wdidiran kekutana dening çatru, makanimittātyānta
kwehnikang çatru, ri tka çrī mahārāja i
kulawan, amanggih ta sira çatru, irikā çrī mahārāja binuru dening çatru
lumingsir ta çrī mahārāja mangalor, mungsire kembang çrī prayenira, ri tka çrī
mahārāja pwe kembang çrī, amanggih ta sira çatru muwah, binuru ta sira muwah,
irikā ta çrī mahārāja malayu mangalor amgat bangawan
sahabalanira kabeh, alanghwi ya garawalan ….
Tegese:
… tekaning wengi, Sri
Maharaja budhal ngliwati KULAWAN. Panjenengane wedi yen ditutake dening
mungsuh, jalaran saking akehing mungsuh. Nalika Sri Maharaja rawuh ing KULAWAN ,
panjenengane ketemu mungsuh. Panjenengane banjur dibujung dening mungsuh,
panjenengane lumingsir mangalor kang dituju Kembangsri. Ing kono ketemu mungsuh
maneh, banjur dibujung maneh. Sri Maharaja mlayu mangalor nyabrang bengawan
sapandhereke kabeh, padha gupuh nglangi ….
Papan panggonan kang
kasebut ing prasasti Kudadu ana kang saiki isih bisa dilacak nanging uga ana
panggonan kang nganti saiki durung bisa ditemokake. Panggonan kang bisa dilacak
kayata Kapulungan, Rabut Carat, Kambang Sri, Terung lsp. Nanging uga ana
panggonan kang saiki durung bisa diemokake kayata, Rembang, Hanyiru, Batang lan
Kudadu dhewe.
Ana papan sing saiki
mirip karo jeneng kang ana prasasti Kudadu yaiku Kulawan. Ana ing endi dununge
Kulawan?
Yen ndeleng toponimi
desa-desa ing kecamatan Ngoro, Mojokerto , ing sakulone tekuk Ngoro, ing kene
ana desa karan Lolawang. Kira-kira
desa iki sing biyene karan Kulawan. Desa iki mapan ing sadurunge Kuthagirang
(Kutogirang) arah saka desa Ngoro menyang patirtan Jalatundha.
Miturut prasasti,
nalika Sri Maharaja teka ing Kulawan , ketemu mungsuh, banjur dibujung mlayu
mangalor tumuju menyang Kembang Sri, ing kono isih dibujung banjur mlayu
mangalor nyabrang bengawan. Gambaran iki trep banget karo apa kang dicritakake
ana ing prasasti.
Banjur ana pitakonan
mesthine saka Pamotan menyang Terung mlaku ngalor ngulon, kena ngapa menyang
Lolawang ? Arah Lolawang saka Pamotan iku ngulon. Miturut dongeng dumadine
Candhi Pari, Pamotan iku papan kanggo ngemote pari kang arep disetorake menyang
Majapait. Pamotan tegese papan panggonan ngemot. Lamun bener, Pamotan iku biyen
wilayahe nganti teka pinggir kali. Ing
prasasti Kudadu disebutake yen Pamotan ana ing saloring luwah (kali).
Saliyane iku uga ana
panemu yen Kambang Sri iku saiki dadi dhukuh Bangsri ing kecamatan Sukodono.
Yen mangkono banjur ana ngendi dununge Kulawan?
Endi sing bener ?
Nyumanggakaken.
SITUS KEDHATON
2 Dec 2019 7:47 AM (5 years ago)
Ing Jombang, sawise
ditemokake patirtan Sumberbeji, nembe
iki ditemokake maneh patilasan kuna ing dhukuh Kedhaton, desa Bulureja,
Kecamatan Dhiwek, Kab Jombang. Patilasan mau mapan ana tengah sawah adoh saka
padesan ing sangisore wit abar-abar.
Patilasan mau awujud tembok bata bang , dhuwure kira-kira 170 cm, ambane
56 cm. Kandele tembok kang ngubengi wangunan mau ora padha. Ing sisih kidul
kandele tembok luwih tipis tinimbang sing ana kulon. Gedhene bata ukuran 32 x
20 x 6 cm, ora kacek adoh karo bata kang ditemokake ing Kumitir enggal-enggal
iki. Sawise ditelusuri tembok-tembok mau
wis akeh rusak krana anggone ngedhuk mau nganggo “alat berat”. Bata bang kang
kapendhem mau kira-kira 1- 2 meter saka lumahing lemah kang saiki. Tumpukan
bata mau katone wis akeh kang ora ana ing panggonane kang asli. Mung anehe, ana
tumpukan krikil, kaya-kaya wis atos kempel dadi watu kang kaudheg nganggo
semen.

Barang temon iki narik kawigaten krana ndeleng
toponimi jenenge padhukuhan aran “Kedhaton”, tegese panggonane dhatu utawa
ratu. Banjur tuwuh pitakonan, saupama temen panggonane ratu, ratu sapa kang
mapan ing kono ?
Yen kita tlisik sejarah
kang kawuri, nalika Mpu Sindok ngelih kraton Medang i Bhumi Mataram pindhah
menyang Jawa Wetan mapan ing Tembelang (Medang i Tamwlang). Saka kono banjur
ngalih menyang Medhang i Watugaluh. Salah sijine tafsir ahli sejarah Watugaluh iku
ana ing Megaluh, kecamatan Megaluh kang saiki.
Nanging perlu dikawuningani ing
kecamatan Dhiwek, kab Jombang, ing sakulone makame Gus Dur ana uga karan desa
Watugaluh. Desa Watugaluh diperang dadi patang pedhukuhan yaiku Galuhan
(Watugaluh Krajan), Nanggalan, Gendhong lan Jasem. Antarane dhukuh Kedhaton
karo desa Watugaluh dohe kira-kira 6 (nem) kilometer. Apa iki kedhatone Mpu
Sindok ing Watugaluh ? Perlu ditliti kanthi premati.
Mpu Prapanca pujangga praja Majapait
nyritakake kahanane kutha raja Majapait yen kedhaton Majapait dipager bata bang
mubeng. Katrangan kasebut ana ing Negarakretagama pupuh 8, gatra 1 lan 2 kang unine mangkene :
warnnan tinkah ikaɳ puradbhuta kuthanya bata
baŋ umider mmakandel aruhur,
kulwan / dwarawaktra manharpakan lbuh ageŋ i tnah way edran adalm.
Tegese :
Kacarita, kahanane pura ( kedhaton) kang gedhe banget, beteng bata
bang angideri, kandel sarta dhuwur,
ing kulon, lawang agung ngadhepake dalan
(lapangan ?) gedhe, ing tengah, banyu (jagang) angideri, jero banget.
Jagang yaiku kali, kalen kang jero ing sajabane beteng kanggo
jaga-jaga supaya mungsuh ora gampang mlebu kedhaton utawa beteng.
Nembe iki ing dhukuh Bendha, desa Kumitir, kecamatan Jatireja
ditemokake tembok bata bang. Tembok mau ditemokake dening wong tukang nggawe
bata ing kono. Apa iki tembok bata bang aruhur kang dikarepake dening Mpu
Prapanca?
Barang temon mau awujud tembok dhuwure 160 cm lan ambane 140
cm. Saben 4 meter diwenehi pilar. Gedhene pilar 120 cm. Ukuran bata 32 x 20 x 6
cm. Nitik dhuwure, tembok iki durung bisa diarani beteng dhuwur kaya kang
dikarepake Mpu Prapanca. Miturut panemune para arkeolog tembok iki arupa batur.
Diarani batur, jalaran tembok mau ing sisih njaba rata, alus, dene sing sisih
jero kasar, ora rata. Gunane batur mau kanggo njaga supaya lemah ing bagean
jero ora guntur utawa longsor. Sing
mesthi ing papan kang kinubengan batur ana wewangungan kang perlu dijaga supaya
lemahe ora longsor. Apa iku candhi kaya kang dikarepake dening Mpu Prapanca ?
Bab iki perlu panaliten kang luwih mirunggan.

Tembok batur kang wis ditemokake yaiku tembok iring wetan
wiwit pojok lor wetan mangidul. Tembok kang wis kabukak dawane kira-kira 100
meter. Pojok kidul wetan durung ditemokake jalaran nerak tegalan tebu sing
nganti saiki durung bisa didhudhuk. Miturut pangira-ira dawane batur ing saben
iring 200 meteran, ngidul nganti tumeka
sacedhake kali ilen-ilen sawah ing kidule wewangunan. Dene tembok batur sisih
lor , kulon, kidul, sarta pojok-pojoke durung
kinaweruhan.
Ing saelore kuburan uga ditemokake tilas sumur kuna kang
digawe saka bata. Wujude kothak ora kaya sumur lumrahe sumur kang nganggo bata
bengkok. Apa iki uga tunggalane patilasan kuno apa gaweane wong tani ing kono
kanggo nyiram tanduran ing sakiwa tengene, isih durung cetha.
Saliyane tembok batur uga ditemokake cacah 7 kanthi ukuran maneka warna. Watu-watu lumahe
alus kaya tilas garapan tanganing manungsa ana ing wewengkon kuburan ora tumata.
Bokmanawa wae kuburan iki sing dadi punjering wewangunan ing Kumitir. Bab iku
perlu panaliten kang luwih mirunggan. Saliyane iku uga ana reca kang manggon ing
pojok (kira-kira) kidul kulon ing sangisore wit kepuh. Recane sapa durung bisa
dipesthekake jalaran kahanane reca wis rusak. Apa iki recane Bhatara Siwah kaya
kang kasebut ing Negarakretagama ? Wong bumi kono ngarani reca mau recane Jaka
Slining. Arang wong wani mrono jalaran papan kono dianggep wingit utawa angker
dening warga.
Miturut Negarakretagama, Kumitir minangka dadi papan pandarmane
Bhatara Narasinghamurtti kaya kang katulis ana ing pupuh 41 pada 4:
çakabda kanawawaniksithi bhatara
wisnu mulih iɳ çuralaya pjah,
dinarmma ta sire waleri çiwawimbha len/ sugatawimbha mungwiɳ jajaghu,
samantara muwah bhatara narasiŋhamurtti sira mantuk iɳ surapada,
hañar sira dinarmma de haji ri wenker uttama çiwarcca muŋgwi kumitir
Tegese:
Ing taun Çaka Langit Sanga Bumi Lemah (1190 C = 1268 A.D.) Bhathara Wisnu kondur
menyang Suralaya, seda.
panjenengane didarmakake ing Waleri awujud Bhathara Siwah, saliyane ing Jajagu
awujud Sang Sogata (Buddha).
Sawise iku
Bhathara Narasinghamurtti
panjenengane kondur ing Surapada,
nembe wae didarmakake dening ratu ing Wengker, awujud reca Bhatara Siwah kang
ngedab-edabi manggon ing Kumitir.
Saliyane Negarakretagama , Pararaton uga nulis bab pandarmane
Bhatara Narasinghamurtti. Mung wae ora katulis Kumitir ananging katulis Kumeper
. Ing Pararaton tinulis:
sira Mahisa Campaka dadi ratu angabhaya, abhiseka bhatâra
Narasinga. Sira Mahisa Campaka mokta, dhinarma ring Kumeper, pamelesatanira
ring Wudi kuñcir.
Tegese: Mahisa Campaka dadi ratu anggabhaya, jejuluk Bhatara
Narasingha. Mahisa Campaka mokta, didarmakake ing Kumeper, pamelesatane ing
Wudi Kuncir.
Perlu dikawuningani yen patilasan-patilasan Majapait lumrahe
kapendhem ing jero lemah 1-2 meter saka lumahing lemah ing sakiwa tengene. Bab
iku disebabake krana anane bledhosane gunung
Arjuna, Anjasmara, lan gunung Kelud. Awu sarta wedhi bledhosane gunung
kagawa udan gedhe kang nuwuhake banjir bandhang. Banjir gedhe sing ora mung
pisan pindho katititk saka sap-sapan lemah kang kadhudhuk dening bumi kono.
Bledhosae gunung lan banjir gedhe ndadekake patilasan Majapait kapendhem ing
jero lemah.
Mung emane ora ana prasasti utawa sumber-sumber katrangan liyane
kang nerangake patilasan Kumitir kajaba Pararaton lan Negarakretagama.
Katrangan gambar:
1. Reca kang mapan ing pojok kidul kulon. Durung kinaweruahn recane sapa. Apa iki recane Bhatara Siwah kaya kang kasebut ing Negarakretagama ?
2. Pojok lor wetan situs Kumitir kang wis kabukak.
3. Batur situs Kumitir iring wetan.
4. Watu alus tilas garapan tanganing manungsa kang ora tumata ing kuburan desa.
5. Sumur kuna kang mapan ing salore makam desa.
6. Sap-sapan lemah kang nandhakake biyen Kumitir keleban banjir gedhe lan kurugan awu gunung geni.
Bareng
ingsun rasa-rasa maneh, suntimbang-timbang sajroning ati, kaya-kaya ora ana pikolehe.
Nalikane isih enom blejag-blejag ingsun kelingan, dhek samana ana tledhekan.
Dilalah ana rerusuh. Papan tledhekan geger. Wong mati cinidra, dipopor nganggo tinggar, ing poking kuping, matane
mendolo.
Lurah
tledhek sabature padha tintrim atine. Lurah tledhek dilebokake pakunjaran. Mlebu
metu dipriksa, tansah digrejeg ing pitakonan. Matur ora weruh tetep dikongkon
ngaku. Pancen ora kepenak ngenger tledhek, ora nyugihi malah agawe mlarat. Luwih
becik luru bendara liya kang kira-kira kena kanggo pangauban.
Ingsun
rasa-rasa, tinimbang ngenger ledhek luwih kepenak ngenger lonthe. Yen awan ora
katon, lamun bengi leledhang neng tengah ratan. Pupurane mero-mero, menganggo
kang sarwa pantes lan edi peni, lamun cinandra kadya apsari ing kaswargan.
Lha iki
panggaotan kang bisa mumpuni, ingsun dianggep pinituwane. Padha nganggep bapa
marang ingsun. Ingsun tansah dimulyakake. Kaya mangkono iku jatining kawiryan. Lamun ana kang kepingin, bisa
salulut kalawan bendara.
Mung
ingsun kang ditari-tari. Prekara bayaran tetep takpancetake, sawengi patang
rupiyah, ora kena kurang. Kaya ngono iku mesthi akeh kang gelem. Ingsun diwenehi
dhuwit wolung uwang, saben dina dhaharingsun pinanci sega iwak.
Yen denetung-etung,
wolung uwang sedina, sawulan dadi rong puluh rupiyah. Setaun rong atus patang
puluh rispis, yen sepuluh taun rong ewu patang atus rupiyah slaka. Dhuwit
samono pancen akeh banget. Ingsun dadi manungsa kang begja mulya, ratu-ratuning
begja.
Leren saka
palonthen ingsun mbukak toko utawa dadi juragan, nglakokakedhuwit gadhen. Saka
dhuwit rong ewu, cukup thenguk-thenguk neng pinggir dalan. Barang-barang teka
dhewe. Ingsun gadhe separo rega, mesthi untung, sugih bathi tanpa rugi. Lumintu
saben dina.
Ingsun
banjur ngingu jurutulis lan tukang nglempit barang. Adate jaman saiki wong ngedegake
gadhe kudu tuku buku, sarta blangko digawe kitir. Mlebu metune barang dicathet.
Saben ana wong nggadhe kudu nganggo prajangjian kang cetha. Ing kono disebutake
pira tariping anakan. Nora kena nerak prajangjian. Yen sulaya bakal ingsun
dhendha.
Saupamane
ingsun ngati-ati, kaya-kaya slamet tanpa prekara jalaran ingsun weruh ing kukum.
Dene ingsun bangsa Jawa isih ana ing dalem layang pradata. Ukume bangsa Jawa
yen laku gadhe padha bangsa Jawa gupremen isih marengi. Kaya mangkono iku ndadekake
begjaningsun.
Sangsaya
suwe uripingsun mubra-mubru blabur madu. Ingsun ngrangkeb adol bumbu grabadan. Adol barang-barang rega
larang, tuku kanthi rega murah. Apa wae anane barang dagangan ingsun kulak.
Ingsun weruh rega barang–barang ana ing Samarang, Surabaya, Betawi. Ingsun weruh
panggonane kulakan dagangan saka toko Landa lan Cina. Kabeh barang ingsunangkut,
sangsaya suwe ingsun sangsaya dipercaya.
Ingsun niru
bangsa Cina laku dagang. Sebab yen suntimbang-timbang ing donya, bangsa Cina paling
pinter ing bab pangupajiwa. Nalika ngejawa dhek biyen-biyene mung kathokan. Ora
antara suwe manggon ana ing tanah Jawa dadi sugih omah gedhong pinggir dalan
gedhe ngungkuli bangsa Jawa.
Durung ana
wong Jawa kang madhani Cina, kira-kira ping sepuluhe. Sabarang reh kagunan ora
ana kang bisa madhani. Nanging ingsun bakal sanggup madhani sarta ngungkuli
bangsa Cina. Pawitanku rong puluh ewu dhuwit slaka, sedyaningsun apa wae bakal
bisa klakon.
Dadi
demang wae luwih gampang. Bekti sewu rupiyah oleh deniring wong gumrudug ngampil epok panurung lampit, payung bang seret prada. Saiba bungahingsun kajen keringan
ing desa, garwaningsun saking kang anunggang joli, saenyek nunggang jaran.
Saben
mangsa panen garwaningsun maring sawah, ani-ani nganggo payung abang,
sandhingane tenong ceret. Gebayan lan
kamituwa ngladeni ing tengah sawah. Ingsun teka laju dhahar. Akeh yen ingsun
rembug prekara muktining demang. Nanging ana lepiya duk ing nguni-uni demang
kesandhung prekara, dipocot saka kalungguhane. Malah ing dina iki isih ana ana
dadi thetheore.
Becike
ingsun milih laku utama. Ngayahi pagawean kang adoh saka pekewuh, kang ora
nganggo olah nalar. Ingsun becik dadi wong tani. Ingsun tuku sawah sabau rega
sepuluh ringgit. Sawah kang becik pancen larang regane, apa maneh kang eloh
bumine. Lamun sepuluh bau, ingsun ngetokake wragad satus ringgit . Wragad satus ringgit wis mentas. Ing dalem nem wulan
limangatus rupiyah. Yen ingsun etung
asile resik, entuk pari telung puluh met, ora kurang.
Ing mangsa
rendheng panene didol. Adat kang uwis saamet payu seket rupiyah. E e e lha
dalah untung banget, rong ewu rupiyah bisa dadi telung ewu ing dalem setaun,
mung saka tani.
Nanging
yen takrasa-rasa maneh, ingsun ngrungu carita duk nguni-uni. Ana wong desa aran
Setrasentika. Sugih turun-tumurun. Pakaryane ora liya tani, parandene ora nate
kekurangan. Uripe kacukupan. Bareng ana salah mangsa, pari gagane gabug
dipangan ama. Ama menthek, uler lodhoh, walang sangit, telung wulan ora panen
babar pisan. Ing wusana dadi miskin, kebo sapine larut. Mangsa potho akeh sing mati, luwihe didol
menyang pasar, isih nyangga pajeg. Yen mangkono dadi tani ora kepenak, kang
ingsun pikir dhisik , pancataning nugraha.
Lonthe iku
berbudi ambege kaya wong mukmin, lila eklas sedhekah rina wengi. Sak-sok weweh
marang sanak sedulur sarta batur para mitra. Uga marang bapa kaya ingsun kang
ngreksa pekewuh. Nanggung sakehing bebaya kang tumempuh, ingsun kang
ngalang-alangi, mulane sun jaluk wolung uwang.
Sangsaya
akeh momonganku wadon, ingsun sangsaya kasusra, kawentar ing jagad. Ingsun tansah
ngati-ati pamomongku, alus, lurus atiku. Budiningsun santosa gagah panggah kas kuwat tur kukuh.
Nalar ruwed bundhel bisa wudhar, amancasi para lonthe kang lagi kepetengan
budi, ing wusana bisa widada.
Lah iki bisa
dadi dedalaning tyas utama jalaran amancasi sukertining cipta. Kasusahaning
para lonthe ingsun kang kajibah mutus. Nadyan baturlonthemumpuni ing nalar
lelukitan, prekara sing lembut-lembut, kamangka ingsun ora sastra, nanging
jeneng pinter iku dudu prekara tulis nanging olah nalar.
Nadyan
weruh ing sastra nanging nalare mung sacuwil, tangan bisa molah angubengake
pene, wis mesthi thingak thinguk awit saka petenging budi. Ahli sastra tan ahli
lukita, ibarate kethek, kaya wong
kumprung, Seje karo ingsun wong wicaksana ing budi, budyayu tyas nirmala.
Mbayar
blanja wolung wang sedina ora rugi, jer luwih gedhe gunane. Yen ana pakewuh,
utawa padudon, ngadu rosining awak, ingsun saguh ngrampungi. Ingsun saguh
katempuh, apa maneh bangsa nalar kang kasasar, ingsun bangkit ngrampungi,
nganggo waton ing duk kuna-kuna.
Ewadene
ingsun pikir maneh, pangati-atine wong ulah nalar kudu patitis patrape. Sanajan
barang sepele, pakewuhe kudu dimangerteni. Wong nduweni pancadriya wajib wenang
luru ayu enaking awak. Nadyan untung gedhe, sak-sok jrang-jreng dhuwit kudu
weruh pahalane.
Sebab
ingsun iki urip, jare santri mengku kayun kayat, kawawa guwang ngejum. Ala
becik dikongkon milih , kuwi wajibing wong ihtiar. Pepesthen iku gaib tan kena
kinira, kudu diweruhi sadurunge katon.
Ing
sajroning urip ana nata, pangulu, patih lan jaksa. Cacah patang prekara iku
tansah rerembugan rina wengi. Ngrembug barang kang durung kalakon, yen wis
rujuk karsa papat dadi siji, kusus becik denlakoni.
Badan iki
among saderma nglakoni prentahing gusti. Rembuge nata, pengulu, patih lan jeksa
wus golong. Kang saiki miturut pangangen-angeningsun, gustiningwang nggalih pangenger
kita.
Ngenger
lonthe sanadyan asile cukup, nanging isih ingsun timbang enak lan kepenake. Ana
crita ing jaman kuna kang kena kanggo patuladhan, critane Wirakosa ing jaman
kawuri.
Wirakosa
dipatah dadi lurah lonthe ana ing Kampungbaru sawetane beteng Ngayugya. Kaparingan
buslid saka negara .
Ing
sawijining dina, saradhadhu njero beteng teka; kira-kira sepuluh cacahe.
Gloyoran padha mabuk. Para saradhadhu mau arep mlebu ing palonthen. Golek
lonthe sing dikarepake , kebeneran mung ana pitu, isih kurang telu. Saradhadhu
ngamuk rebutan lonthe. Wirakosa panggah anggagahi ngabani ngurusake nalar
anggone padha tukaran. Para saradhadhu mau salah tampa, lurah lonthe dikrubut.
Wirakosa babak
bundhas setengah mati. Sirahe dithuthuki nganggo pedhang, remuk rempu. Gage-gage
Wirakosa ngadhep komandhan, kelah. Wirakosa kalah jalaran ora ana saksi. Mula ingsun
timbang-timbang maneh, ora kepenak melu lonthe.Tan kepingin ketanggor kaya si
Wirakosa.
Mula
ingsun timbang-timbang maneh, nora kepenak ngenger kriwilan, bangsa wadon
dhasar lonthe. Ingsun wus putus olah nalar , bijakseng pakewuh , yen prekaran
nganti kalah, kaya ngapa wirangingsun. Kaya-kaya ora ana gunane urip ing ngalam
donya.
Nandhing
milih ihtiyar iku wajib, kukume wong murtya diyanjana tama. Wong kaya ingsun iki
pupur sadurunge benjut, durung mlaku wis lumaris,
lire duga watara. Ing atase urip iki kudu manganggo duga prayoga, sig becik
linakonan.
Awit
lakune wong urip, carita becik arang kang jembar. Carita ala nglangut parane.
Raganingsun kepengin ngupaboga sampe kang sukci.
Ngupaya kasampurnan, pepadhang dadi suwarga, yen pepeteng neraka gedhe kang
marani. Becik ngalih lantaran.
Karangan ing
dhuwur babone Serat Cekruk Truna,anonym, tembange Dhandhanggula.
Sumber : sastrajawa.org
Katrangan tembung :
blejag-blejag = kadhang
kelingan kadhang lali.
tinggar = bangsane bedhil wuluh kuningan.
wirya = kendel, kuwasa, mulya, luhur (tumrap trah).
grabadan = bumbu-bumbu lan ubarampene wong olah-olah.
ngampil = nggawa (tumrap upacara bangsa luhur).
epok = wadhah kinang (kalebu upacara).
lampit = bangsane klasa kang digawe irat-iratan penjalin.
prada = bubukan emas (slake) dianggo nyungging wayang lsp.
joli = bangsane tandhu.
tenong = arane wadhah awangun bunder nganggo tutup kang digwe
nam-naman pring (dingo wadhah panganan lsp.)
ringgit = dhuwit slaka ajine 2,5 rupiyah.
potho = arane lelaraning raja kaya.
lukita = tetembungan, karangan, rumpakan.
lumaris = mlaku, lelungan.
sukci = suci.
Ana sawijining wong,
aran Cekruk Truna, umure kira-kira selawe taun. Dedege pideksa , dedeg lan
dhuwure timbang, sedheng, ora endhek ora dhuwur, mung cacade ora ngerti sastra.
Nalika ditinggal donya mboke, lagi umur wolung taun. Uripe kalunta-lunta,
dheweke dipupu dening tanggane.
Saben dina diwenehi sandhang
pangan cukup. Uga dingertekake tata krama, sanjan cara desa. Dhasar pikire
lantip , prigel sabarang gawe. Yen disawang ora timbang karo wujude, ingatase bocah
desa pikirane mulur. Ana ing pangengeran salawase tansah nandhang prihatin mula
kang tansah diarep-arep mung sandhang karo pangan.
Pikirane nglantur,
pikire mintir. Sinambi mikir Cekruk Truna tansah neniteni lelakone wong urip
ing alam donya. Samubarang panggawe kang ora patut ora kudu dipaelu, supaya manungsa
bisa urip mulya. Lakone wong urip manjer dadi piwulang, bisa kanggo kaca
benggala, kanggo memulang dhiri pribadi. Cekruk Truna ngulir lakune pikiran,
saupamane wong ngenger sesasi, banjur lunga nem utawa pitung dina, wiwit lair
nganti umur selawe taun, yen digawe mubeng ngulandara bisa-bisa tepung tanah
Jawa.
Saupamane wong ngenger
sudagar, santri utawa priyayi tani ing desa yen ora wekel ing gawe, wiwit bocah
tumekane tuwa wong kang kaya mangkono iku diarani wong bodho banget. Ngalor
ngidul golek bendara, bingung sebab tansah ditampik, ora katarima. Paugeran kaya mangkono wus kondhang wiwit
biyen tumekane saiki, tuture wong kuna-kuna iku ngibarate setatblad.
Saben dina Cekruk Truna
tansah ngulir budi, samubarang dipikir jero, nalare nganti entek enting, tansah
nganggit ngrekadaya kang dadi pikiran, jangkane ati. Samubarang jangkane ati yen
ora jinangkah, ora dilakoni, ora bakal klakon, kabeh mung kandheg ana ing
angen-angen. Jangka kudu jinangkah.
Cekruk Truna nalare
mintir, pinter, akale akeh. Nanging dhasare wong keset, dheweke mung kepingin
mangan enak turu kepenak, ora gelem nyambut gawe. Sanadyan mangkono, sanadyan
wong busuk, saben dina tansah ngulir budi apa kang bakal dilakoni.Kepriye
carane mangan enak turu kepenak nanging ora ngrekasa.
Nuju sawijining dina,
karo ngggawa putheking pikire, dheweke lunga saka desa. Lakune saparan-paran.
Bareng rumangsa wis kesel, dheweke leren ing pinggir dalan. Ngeyub ana ana ing sangisore
wit waringin, ing pinggir alas ana ereng-erenging gunung. Dhewekan ora ana
rewange. Dheweke nggagas jroning ati, pikirane nrawang nganti sundhul langit. Mikir
kepriye patrape wong urip ing alam donya, ora ngrekasa nanging bisa duwe kaya.
Sajroning mikir,
dheweke nemu akal. Sakepenak-kepenake wong ngenger kuwi ora kaya ngenger
tledhek. Nyandhang sarwa bagus, bregas, mangan enak, sabane warung. Pegaweane mung
dipatah nggawa kinangan lan mayungi juragan. Senenge, kala-kala bisa nyenggol
pundhake juragan. Saben dina nggendhong pengilon sinambi nyangking buntelan
kacu abang, Isine kembang, wedhak kanggo pupuran, kembang lan lenga wangi.
Gandane arum ngambar –ngambar katiyup angin angebeki pangganda.
Neng dalan bisa ngaliling,
tansah cecaketan karo juragan. Paribasan mung let rong jangkah. Dhasare ayu,
tur isih enom. Panganggone sarwa endah, tan lali ing wedhak pupur. Ngirit kanca
pradangga , kendhang ditabuh ing ngarep dhewe, ngungkung krungu saka kadohan.
Ora suwe ana ing dalan.
Ana wong kang ngundang, ditanggap dikongkon njoget . Opahe sababak rong wang.
Yen anggone nanggap oleh telung puluh, digunggung nem rupiyah abang. Aku mesthi
diparingi, saapes-apese oleh dhuwit patang wang, tambah maneh isih mangan jero,
dadi ora kalong dhuwit. Cekruk Truna banjur gawe celengan saka bumbung pring
petung. Wujude gedhe tur dawa, saben dina diiseni, wis mesthi patang wang.
Nadyan ora pinuju mbarang,
Cekruk Truna isih bisa oleh asil. Isih bisa oleh dhuwit. Kadhang kala ana
bujang kang ngongkon tuku tike, utawa panganan. Dheweke mesthi oleh persen. Opahe
wis mesthi rong gobang, kadhang-kadhang bisa uga nganti sauwang. Ngono kuwi
asile, sing mesthi digawe njajan. Iku sajabane patang wang. Saben dina dheweke
bisa ngleboni celengan bumbung. Yen dietung-etung blanjane saben sasi bisa
sepuluh rupiyah slaka. Setaun bisa rong puluh kethak (?) . Yen sepuluh taun bisa
ngasilake sewu rong atus slaka dhuwit Nederlan.
Batine, saiki aku wis
sugih brewu, dhuwitku luwih sapodhang. Satiba malange aku tansah kajen
keringan. Awit ajining wong urip ing alam donya , awite pinter lan mulya janji
jujur, kapinteran wirotama ingtyas. Utama-utamaning titah kang kanggo
sampurnaning ngaurip , bandha donya iku banget gedhe prebawane. Yen madeg dadi
ratuning titah , prasasat ngingu malaekat. Sakehing kasekten, kadigdayan,
kanuragan iku saka bandha donya. Bandha donya bisa dadi ratuning pengasih,
pengasihaning ngalam donya. Saben bangsa mesthi tresna marang bandha donya.
Saupama ngarah putri utama gegamane uga saka dhuwit. Jalaran saka bandha donya
barang kang cinipta bakal dadi.
Par a jamhur, para
sarjana lan sujana sanadyan guru kasampurnan, para pujangga kang pinunjul ing
jaman saiki kang diluru ora liya wetuning arta. Trahing wirya kusamadi, para
prentah Walanda probur, adpokad, gupremen, rad pan Indi, presidhen, ora liya melik arta.
Ora mung wong kere ngemis, kaki jambul, kabeh padha luru dhuwit. Dhuwit iku
narendraning bumi, bisa dadi pangeraning jagad. Wis ana tandha cirine yaiku
leter pinggiring semat. Gud simet ones, Gusti nunggal ing kawula.
Dhuwitku mbesuk
takirit-irit, takulur nganti dawa. Saben sasi tambah-tambah saka wetuning anak
putu. Sebab dhuwitku luwih saka sewu aku cukup mung mangan anakan, kaya-kaya
ora bakal entek yen tak pangan salawase urip. Malah ora ngowahi babone, nak
kemanak salawase. Malah wuwuh ora saya kurang. Wis mangkono kuwi lakune yen
wong keduwe bandha bisa dadi mumpuni samubarang kawruh.
Gunung sangsaya
diurugi, wong malarat saya dikuras, legok jurang dadi kalen. Wong sugih saben taun
tambah, wong mlarat kemalingan, apese kena ing apus. Wong sugih dhuwit
dipundhi-pundhi.
Mungguh sepira
kuwasaning dhuwit, ibarate ratu-ratuning kadigdayan. Bisa kanggo bubak alas
gedhe, diwalik sakala dadi negara. Ewon, leksan, wong-wong padha teka . Apa nate
weruh tanah Dheli ing Sumatra biyen alas gedhe sanalika malik grembyang dadi negara
jalaran sinebaran arta. Sakeh bangsa lanang wadon, lanang wadon padha teken
kontrak prajangjian tampa dhuwit dikongkon nyambut gawe ana ing satengahing
alas.
Kembang jayakusuma kang
adi wenteh-wenteh katon ana bundering slaka. Kukum pati bisa dibatalake. Kawruh
aji pancasona , aji bandung bandawasa sajak mung kena dumuk, ora liya saka
bundering slaka.
Wong magang ngawula
marang gusti, kumacelu bengkok sawah kang junge
gedhe-gedhe. Dadi jongos Cina Landa milih akehing blanja, kaya mangkono iku
saksine yen melik bundering slaka.
Dongeng ing dhuwur asline awujud tembang macapat,
ora kaweruhan sapa sing ngarang.
Sumber : sastrajawa.org.
Katrangan
tembung:
uwang, wang = dhuwit. 10 dhuwit = 8,5 sen.
gobang = arane dhuwit jaman biyen. 2 dhuwit = 1
2/3 sen.
benggol = 2,5 sen.
sitheng = 0,5 sen
tike = candu kang wis diuled karo rajangan godhong
awar-awar.
podhang (bodhag ?) = bangsane tenggok gedhe cendhek
dianggo wadhah beras.
jung = ukuran jembare sawah = 4 bau.
slaka = logam warnane putih dianggo gawe dhuwit.
staatsblad
= lembaran negara
Gud
simet ones (god is met ons) =Gusti bebarengan karo kita kabeh.
probur
(probuur) = pemeriksaan
gupremen
(government) = pemrentah
rad
pan Indi = Raad van Indie (Dewan Hindia) arupa punjering organisasi paprentahan kolonial
Hindia Walanda ing bawana Asia saliyane gubernur jendral.
Ing jamanipun Sang Prabhu Barawijaya IV kagungan
putra putri setunggal, ingkang misuwur endah ing warni ngantos kawartos ing
mancanegari, nami putri ayu Kencana Wungu. Sasuruting sang Prabhu Brawijajaya
IV ingkang gumantos ratu inggih punika sang putri ayu, jejuluk Putri Kencana
Wungu.
Ing waktu punika talatah tanah Jawi wetan ugi wonten
karaton ageng satunggil, kithanipun ing Blambangan. Menggah ingkang jumeneng
nata sang Prabhu Menak Jingga, misuwur ing kadigdayanipun, nanging wujudipun
ing atas ing ratu awon warninipun, dedeg cebol kepalang, bathuk nunung mawi ciri
pincang.
Pramila sang Prabhu Menak Jingga digdaya , awit
kagungan limpung tosan jene, boten wonten barang ingkang boten tumama dhateng
punika limpungipun.
Sang Prabhu Menak Jingga, senajan sang Prabhu
piyambak, yen kagada limpung tosan jene punika, inggih nemahi seda.
Sareng sang Prabhu Menak Jingga mireng pawartos ing
endah ing sang Putri Kencana Wungu ing Majapait, lajeng tindak piyambak
anglamar dhateng Majapait; sang prameswari saha kelangenanipun inggih kabekta
sedaya, nanging sang putri ayu Kencana Wungu nampik panglamaripun Prabhu Menak
Jingga, temahan dados perangan; pra punggawa ing Majapait sami tumpes, boten
wonten ingkang saged mengsah klayan sang Prabhu Menak Jingga ; wusananipun
lajeng mesanggrah ing dhusun Trawulan, sawetanipun segaran kelangenanipun.
Ing waktu punika lajeng sang putri Kencana Wungu manggih akal mrih konduripun
sang Prabhu Menak Jingga dhateng Blambangan lajeng kabujuk menggah ingkang
dados kersanipun sang Prabhu inggih dipunleksanani, nanging langkung rumiyin
supados kondur dhateng Blambangan , benjing ngarak sangking Blambangan kemawon.
Sang Prabhu Menak Jingga inggih lajeng kondur.
Sakonduripun sang Prabhu Menak Jingga , sang putri
Kencana Wungu angutus dhateng gungning purbongkara andamel reca gambaripun sang
Prabhu Menak Jingga, sang prameswari tuwin para kelangenanipun ingkang peparab
sang putri Pahita lan Puyengan ; sasampunipun punika reca dados terus kaseleh
ing wetaning segaran minangka penget ; tuwin ing waktu punika sang putri
ngupados minta sarya sinten-sinten ingkang saged amejahi sang Prabhu Menak
Jingga badhe ageng ganjaranipun, yen sampun angsal minta sraya, saderengipun bidhal
dhateng Blambangan dipunwuningakaken reca gambaripun sang Prabhu Menak Jingga
supados sampun ngantos kalintu.
Katrangan :
Reca Menak Jingga mapan ing sawetane segaran
Majapait, ing wewengkon candhi Menak Jingga. Reca iku saiki kasimpen ing Museum
Majapait ing Trawulan, Majakerta, Jawa Wetan.
Miturut cathetan Walanda reca kasebut diarani Mahakala utawa Bairawa.
Nanging uga ana ahli sejarah kang ngarani garudha, jalaran ing burine ana
gambar suwiwi.
Dongeng kasebut dicathet Walanda saka tuturane Ki
Mangun Amidjaja sawijining dhalang wayang krucil ing waktu samana.
Gambaran candhi Menak Jingga jaman Walanda. Koleksi : KITLV kanthi sesirah : Ruïne van Modjo-Paid, Residentie Soerabaja., 1852. (Sumber : www.wilwatiktamadani.blogspot.com.)
Sang Pandhita Drona
kepingin weruh sepira kapinterane manah para putra raja kabeh kang dadi siswane. Sang
pandhita nggawe entha-enthane manuk dhadhali saka wesi. Manuk mau dipapanake
ana pucuking wit kang dhuwur banget. Para putra raja kabeh didhawuhi manah endhase
manuk. Kaping pisan banjur ngutus sang Yudhisthira . Sawise menthang langkap
anginceng prenahe manuk , banjur didangu dening Sang Pandhita :
“Anakku sang
Yudhisthira, apa katon dening sira manuk dhadhali kae ?”
“Kasinggihan, bapa .
Ketingal.”
“Apa katon kayu kang
dipencoki manuk kae ?”
“Ketingal, bapa.”
“Apa katon wong-wong seduluria
kabeh ?”
“Ketingal.”
“Wis, wis, wis. Tanpa
guna sira menthang langkap. Ora bakal kena manuk dhadhali kae dening sira.”
Tumuli sang Duryodhana
didangu. Wangsulane padha karo wangsulane sang Yudhisthira. Banjur ndangu sang Korawa
kabeh, wangsulane padha karo Sang Duryodhana. Ora bakal sira kabeh bisa manah
manuk kae. Pandhita Drona banjur ndangu marang sang Arjuna:
“Apa katon manuk
dhadhali kae, anakku sang Arjuna?”
“Kasinggihan,
Bapa.Ketingal.”
“Apa katon kayu kae ?”
“Boten.”
“Apa ingsun katon
dening sira?”
“Boten.”
“Apa katon sedulurira
kabeh ?”
“Boten.”
Sang Pandhita Drona
meneng sadhela, banjur ndangu :
“Apa katonendhase manuk
kae dening sira, uga awake ?”
“Boten.”
Mangkono ature Arjuna ,
lega atine Pandhita Drona, banjur dhawuh supaya nglepasake panah. Cumlorot
panahe sang Arjuna. Sanalika tugel gulune si manuk kena panahe sang Arjuna.
Inti sarine crita mau,
lamun wong nduweni gegayuhan kudu manther , pokus (focus) marang apa kang
digayuh. Madhep, mantep, ati karep. Ora kena dlera-dlere satemah ora katekan
sedyane . Kaya sang Arjuna, sing ana ing pikire mung gulune manuk, awak lan
endahse manuk wis ora katon.